Friday, January 24, 2014

contoh wacana narasi


                  WACANA           :NARASI
    TEMA                :LIBURAN

1)      Problem/Permasalahan :
Raimuna daerah
2)      Solusi/pemecahan masalah:
a)      Pemilihan
b)      Latihan lan persiapan
c)       Pemberangkatan
d)      kegiatan
 
Wektu aku arep mulih,ana kumpulan osis nanging ora ana sing teko kepekso ora sido rapat lan ketua DA sekolahku ngomong yen tanggal 15 desember iku arep ana kegiatan raimuna daerah sing diwakili kaliyan kelas 1 putri lan kelas 2 putra.kelas 2 putra iku diwakili karo yuva kelas IX JBB.Senajan sing teko rapat iku saitik ketua DA iku langsung nunjuk wakil kelas 1 putri.Okeh sing kepengen nanging ora nyana sing di pilih tibake aku endang P kelas X MM B.
                Raimuna daerah iku dilaksanakake tanggal 15-21 desember 2013 neng desa lebakharjo kec.ampel.yaiku wayahe liburan sekolah,sakdurunge aku budal aku dilatih ing kwarcab magetan,seminggu kaping pindo yaiku dina jum’at lan minggu.Neng kwarcab ketemu karo kanca-kanca sekolah liya,magetan iku ngirim 32 wong sing terdiri saka 4 sangga,2 sangga PA lan 2 sangga PI.Ing kwarcab dilatih cara ngedekne tenda,ngawe yel-yel,pembagian kegiatanlan persiapan utawa barang-barang sing perlu digawa wektu neng malang,barang-barang iku terdiri saka peralatan sangga karo peralatan pribadi.Peralatan sing dibutuhke tibake akeh lan ribet banget aku sampek mutung amarga ora nduweni kabeh peralatan sing dibutuhke.Akhire aku nyilih kene kana supaya bisa nglengkapi peralatan sangga karo erlengkapan pribadiku.
                Dina sabtu tanggal 14 desember 2013,aku budal menyang malang.Rencanane jam 4 iku kudu wis magkat nanging ora sido amarga isih ana upacara pelepasan neng surya graha magetan.
Sakwise upacara kontingen magetan nganggo Elf 2 lan pick up,ing tengah perjalanan rombongan mandek neng masjid guna sholat lan maem.Perjalanan diteruske lan aku sak rombongan teko neng lokasi perkemahan jam 01.30.Neng kono pembina nyewa omah kanggo turu lan mangan kontingen magetan sakdurunge sangga iku ngedekne tenda lan wiwit kegiatan.
                Sesuke,Pinkon daftarake kontingen magetan sakwise oleh nomer tenda aku lan kanca-kanca nggawe tenda.Ing kono cuacane panas banget,lan kegiatan sing kudu dilakoni akeh banget.Kegiatan ing kana yaiku ana bhakti,GDN,Saka,tour,budaya,workshop lanliya-liyane.
Kegiatane nyenengke bisa tambah ilmu tambah kanca,tambah pengalaman.Wektu aku tour de lebakharjo iku pengalaman sing ora bisa tak lalekake,amarga tour iku menantang banget.Aku lan konco-koncoku mubeng nang lebakharjo nggawe pit sing dalane bletok lan endut.
Aku kudu bola-bali mudun nuntun pit amarga dalane sing bletok,sempit lan munggah mudun.Rute iku adoh banget nganti aku ketinggalan lan kesasar.Nangging bisa dadi pengalaman sing berharga kanggo aku.Sakwise kegiatan ing lebakharjo iku bar aku lan konco-konco tuku oleh-oleh kanggo omah lan sekolah.Wektu aku arep mulih aku seneng nanging ana rasa sedih amarga ora bisa ngrasakake malam brawijaya sing tak tunggu-tunggu.Nanging iku kabeh kudu tak syukuri akhire tanggal 20 jam 7 bengi aku lan kontingen magetan mulih.
                Pengalaman ing kono iku akeh banget lan kabeh iku kudu tak syukuri amarga ora kabeh wong bisa melu acara iku.

No comments:

Post a Comment